Jumat, 16 September 2011

Tembang Dolanan Jawa


Miris, jaman saiki ngrungokke cah-cah cilik nyanyi lagu cinta-cintaan. Lagune wong dewoso nganti apal dinyanyikke cah sak umuran TK, SD. Aku tau nyobo takon karo tonggoku seng jeh kelas 1 SD.

————————————–

“Dek apal lagune ST12 ?” takon ku.

“Apal mas. Seng opo? Puspa ?” Jawab bocahe.

Tonpo tak kongkon bocahe langsung nyanyi. “….kau gadisku yang cantik, coba lihat aku disini, di sini ada aku yang sayang padamu…..Jangan jangan kau menolak cintaku,
jangan jangan kau ragukan hatiku, ku kan selalu setia menunggu untuk jadi pacarmu
….”

————————————————————————————————————


-bocah & dangdut koplo-

Lah piye jal ?? Seng sejatine durung pantes umur semono nyanyi bangsane lagune ST12, kangen band, ungu, dangdut koplo, malah nganti apal -nglothok- istilahe. Opo bocahe mudeng arti lirike, mbuh kuwi aku ora tekok. Terus seng marai bocahe iso apal lagu cinta-cintaan sopo ? Lha kuwi nyalahke sopo angel. . Tivi, media, wong tuwone. Nah sopo seng gelem disalahke ??

Padahal jaman mbah-mbahane dewe seng jenenge tembang dolanan khusus kanggo bocah kuwi wes ono. Bahkan lirik / isine gur ora seneng-seneng tok. Tapi yo ono nasehat, petuah, sikap menghargai alam, hormat-patuh karo wong tuwo, pantun, dll.

* Contone Cublak – Cublak Suweng.

Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.

Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. (http://jv.wikipedia.org/wiki/Cublak-cublak_suweng).

Lirik
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé gosong

* Lir – Ilir

Tembang ilir-ilir menika tembang dolanan laré-laré alit jaman kawuri lan miturut criyosipun simbah-simbah ingkang nganggit inggih punika kanjeng Sunan Bonang. Tembang menika ngandhut falsafah agami ingkang lebet, ingkang maringi pepadhang dhumateng bebrayan agung ing tanah Jawi kala semanten, amrih sageta ngugemi dhawuhipun Gusti ingkang Maha Welas Asih marang sedanten umatipun. (http://jv.wikipedia.org/wiki/Lir_Ilir)

Lirik
Lir ilir, lir ilir, tanduré wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar
Cah angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro, dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana j’rumatana kanggo séba mengko soré
mumpung padhang rembulané, mumpung jembar kalangané.
yo surako surak hiyo.

Tembang Dolanan Jawa liyane

Padhang Bulan

Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré

Te Kate Dipanah

Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk konde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate

Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan

Jaranan

jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

Kidang Talun

Kidang talun
mangan kacang, talun
mil kethemil, mil kethemil
si kidang mangan lembayung

Gajah belang
duwe anak, belang
nuk renggunuk, nuk renggunuk

Pitik Tukung

Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu

* Ono seng jek do apal lagu – lagu iki ? :D? .